3 Teks Observasi Bahasa Jawa yang Perlu dipahami

√ Edu Passed Pass quality & scientific checked by advisor, read our quality control guidelance for more info

Teks pelaporan hasil observasi yaiku teks kang nerangake hasile observasi sing wes dilakoni. Dalam bahasa Indonesia adalah, Teks Pelaporan Observasi yaitu teks yang menerangkan hasil dari observasi yang sudah dilakukan sebelumnya.

Observasi yaiku pengamatan utawa penelitian obyek nganti paham apa sing diobservasi. Yang artinya, Observasi adalah sebuah pengamatan atau penelitian suatu obyek sampai paham akan yang di observasi. Dan berikut ini kami berikan contoh teks observasi dalam Bahasa Jawa.

1. Teks Observasi Kantin Sekolah

Kantin yaiku papan kang ditujuaken damel tumbas panganan lan ombenan . SMKN 10 SURABAYA, nduweni sewelas kantin, 6 kantin kanggo bocah wedok, 5 kantin kanggo bocah lanang, kahanan kantine bersih, ono siji panggonan kanggo papan kora-kora piring

Kantin SMKN 10 SURABAYA, duwe papan utomo, yaiku papan kanggo para murid nikmati panganan, nang papan iki kantin duwe : sepuluh meja lan selangkung kursi. Panganan seng di dol ing kantin yaiku ana: bakso, mie ayam, es kopyor, es teh, es jeruk, sego soto, sego campur, rawon, es susu lan sak liyane.

Kualitas panganan karo ombenan nang kono resik lan enten wastafel kanggo nyuci tangan. Papan panggonane utomo ne resik lan enak digawe para murid cangkruk. Uga ana petugas kebersihan kantin sing ngresiki saben para murid sampun masuk kelas.

2. Teks Laporan Observasi Kebudayaan

Tema : Kebudayaan Nusantara
Bahan pengamatan : Pentas Tari Modern Anoman Obong ing Gedung Cak Durasim Surabaya
Narasumber : Putri Wardhani ( salah siji penari kreasi modern Anoman Obong ing gedung Cak durasim )

Hasile pengamatan :

  • Kesenian Tari Modern ” Anoman Obong” lomba ing Gedung Kesenian Cak Durasim
    Lomba Pentas tari Se-Jawa Timur diadakno ing gedung kesenian Cak Durasim. Akhire, salah siji sekolah ing Surabaya mentasno seni tari modern ” Anoman Obong ” laln metu dadi juara ke-2. Tekan kono, amergo dadi juara Tari se-Jawa Timur ngangkat jeneng sekolah.
  • Penari ing Pentas seni Gedung Cak Durasim
    Total ana 110 penari saka seluruh wilayah Jawa Timur. Mentas ono ing gedung Cak Durasim.
  • Komentar kepala SLTPN 29 Surabaya, Bapak Adji Santoso
    Komentar kepala SLTPN 29 Surabaya, piyambake bangga marang para siswa kang dadi penari Anoman Obong lan iso maju ning Lomba pentas seni sak Jawa Timur. Amargi kelompok tari kuwi, iso ngangkat jeneng lan ngewangikno sekolah.

Kesimpulan : Tari Anoman Obong iki sukses dadikno sekolah terkenal lan iso ngangkat jeneng sekolah SLTPN 29 Surabaya.

3. Teks Laporan Observasi Med-Sos Whatsapp

Whatsapp punika salah sijine medsos. Whatsapp kui digawe dening panganggo Android. Whatsapp iki biasane digawe kanggo chating marang konco-konco sing dipingini.

Ing njeroning Whatsapp, ana fitur-fitur sing disediakake. Komuniasi bisa terjaga merga anane fitur chatting, fitur chatting kui mirip SMS, saking luwih teko SMS. Whatsapp luwih canggih. Bisa ngelakoni fitur Video Call, selain mung ngirim chat.

Video call iku kaya telpon biasa nanging bisa ndelok wajah sing ditelp. Selain Video Call uga ono voice chat. Voice chat iki bisa ngrekam suara utawa pesen sing pingin disampekno ning kanca.

Ing Whatsapp uwong uga bisa ngunggah foto kanggo didadiake foto profil. Selain iku uga iso masang status ning whatsapp. Manfaate gawe whatsapp iki iso nyambung tali silaturahmi marang kanca, sanak sadulur, lan liyan liyanne.

fbWhatsappTwitterLinkedIn